Skip to content

Posts from the ‘Kebumen Inside’ Category

2
Jul

Srundeng krambil

Huss ajah ngguyu.. Kie panganan paporit koh.. Ra ngandel..?? Tiliki nang njero tumpeng, akeh2e mesti pada nganggo srundeng krambil gole gawe mogana.. Nek ora ya njero koci.. Kae ya kes krambil juga.. Tapi arane wis dudu srundeng maning, melainkan enten – enten..

Dadi kelingan jaman cilik mbok yah.. Ngger agi langka lawuh mangan karo srundeng thok be rasane wis nylekamine poll..

Ya wis nyah sing pengin nostalgia, cicipi bae.. Srundeng spesial..

srundeng kelapa

Aja kelalen bar kuwe ngombe sing akeh ya.. Biasane bar mangan langsung seret sih.. Hahahaha..

Tags : Srundeng, godong krambil

2
Jul

Videotron alun alun Kebumen

Kie mung aweh kabar maring sedulur sing wis suw bangetin ora bali meng bumen.. Utawa warga kabupaten kebumen tapi sing karena suatu hal misal lokasi mandan adoh saking kota n jarang meng alun2..

Dadi saiki alun2 kota kuwe wis di permak.. Di make over lah basa gaule.. Pokoke dadi nylekamin pisan.. Wis dadi tempat sing nyaman nek garep wengi mingguan.. Tiliki bae nek ra ngandel..

Salah sijine wis ditandur layar tancep modern sing biasa disebut Videotron.. Jan jane kie sih wis ket Agustus 2009.. Tapi mbok ana sing urung ngerti dadi ya tek wei ngerti bae.. :D

Kie penampakane..

videotron kebumen

Tapi sayange dudu nggo pranti nyetel wayang apa ketoprak.. Tapi sing menthongol malah iklan udud.. Halah jan.. Ya wis lah sing penting dadi ora keton ndesa banget mbok.. Hehehe.. Wis ya..

Tags : videotron, alun alun kebumen, Videotron Iklan, alun-alun kebumen, alun2 kota kebumen, iklan videotron yogyakarta, KEBUMEN, alun alun kota kebumen, foto terbaru valentino rossi, alun alunkebumen